Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 29:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”

22. Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.

23. Nanging bareng bengi Lea anake kang tuwa kang ditemokake karo Yakub. Yakub iya banjur sapaturon karo Lea.

24. Karodene Pak Laban iya nggawani Zilpa abdine wadon marang Lea anake, dadi abdine.

25. Kacarita bareng esuk kasumurupan yen iku Lea. Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Kadospundi dene panjenengan nandukaken makaten dhateng kula? Anggen kula ngenger panjenengan punika rak supados kaangsalaken Rakhel, kenging punapa kula panjenengan apusi?”

26. Wangsulane Pak Laban: “Manut adat ing panggonanku kene, ora lumrah ngomah-omahake adhine ndhisiki mbakyune.

27. Srantekna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Lea, sawuse iku kowe iya dakwenehi sijine minangka opahe, anggere kowe saguh ngenger aku pitung taun maneh.”

28. Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugake bebrayatane karo Lea nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwenehi Rakhel anake, dadi somahe.

29. Karodene Pak Laban nggawani anake mau rewang wadon jenenge Bilha, dadi bature.

30. Yakub iya banjur sapaturon karo Rakhel uga, malah anggone nresnani Rakhel ngluwihi katresnane marang Lea. Kaya mangkono Yakub terus ngenger Laban pitung taun maneh.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 29