Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 28:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Anadene Yakub mangkat saka Bersyeba menyang ing Haran.

11. Bareng tekan ing sawijining panggonan, banjur nginep ana ing kono, marga wus kasurupan ing srengenge. Nuli njupuk watu siji saka ing panggonan mau dianggo bantal, lan ngaso ana ing kono.

12. Banjur ngimpi: Lah ana andha ngadeg ing bumi kang pucuke sundhul ing langit, lan katon para malaekate Gusti Allah munggah-mudhun ing andha mau.

13. Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.

14. Turunira bakal dadi kaya lebuning bumi lan sira bakal ngambra-ambra mangetan, mangulon, mangalor lan mangidul, sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.

15. Lah Ingsun nunggil kalawan sira lan Ingsun bakal ngayomi marang sira ing saparan-paranira lan sira bakal Sunulihake, menyang ing tanah iki maneh, marga sira ora bakal Suntegakake, nganti Ingsun wus nindakake sabarang kang wus Sunprasetyakake marang sira.”

16. Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”

17. Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”

18. Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.

19. Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.

20. Yakub banjur nglairake punagi: “Manawa Gusti Allah nunggil lan ngreksa aku ing saurute dalan kang dakambah, sarta maringi roti kang dakpangan, apa maneh sandhangan kang dakanggo,

21. nganti aku mulih menyang ing daleme bapakku kalawan slamet, mesthi Sang Yehuwah bakal dadi Allahku.

22. Dene watu kang wus dakedegake dadi tugu iki bakal dadi padalemane Gusti Allah. Punapa malih samukawis ingkang Paduka paringaken dhateng kawula punika saprasedasanipun badhe kawula saosaken dhateng Paduka.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 28