Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Kowe menyanga ing panggonane wedhus kita, aku jupukna cempe loro kang becik, iku dakolahe kang enak kagem bapakmu, kaya kang dadi kersane.

10. Nuli ladekna menyang ing ngarsane bapakmu, supaya didhahar lan kowe diberkahana sadurunge seda.”

11. Yakub tumuli matur marang Ribkah ibune: “Lah kamas kula Esap punika badanipun dhiwut-dhiwut, mangka kula punika klimis.

12. Bokmanawi bapak nggrayangi kula, temtu lajeng mastani, kula damel gegujengan, margi saking makaten kula malah kenging ipat-ipat sanes berkah.”

13. Nanging kang ibu ngandika maneh: “Ipat-ipat iku daksanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae, gek endang mangkata! Aku jupukna wedhuse!”

14. Yakub tumuli njupuk cempe lan diaturake marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang enak, kaya kang dadi kersane ramane.

15. Ibu Ribkah banjur mundhut sandhangan kang adi duwekke Esap, putrane pambajeng, sandhangan kang disimpen ing omah, banjur dianggokake marang Yakub putrane kang wuragil.

16. Sarta lulange cempe mau diblebedake ing tangane Yakub loro pisan lan ing gulune kang klimis.

17. Dhaharan kang enak lan roti kang mentas diolah mau banjur ditampakake marang kang putra Yakub.

18. Kaya mangkono Yakub banjur lumebu ing panggonane kang rama tumuli matur: “Rama!” Pangandikane kang rama: “Apa, ngger, kowe iku sapa?”

19. Ature Yakub marang kang rama: “Kula Esap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.”

20. Rama Iskak banjur ngandika marang kang putra: “Kok enggal temen anggonmu oleh, anakku engger!” Ature Yakub: “Margi Sang Yehuwah, Gusti Allahipun rama, ingkang murugaken kula angsal damel.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27