Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:38-46 Kitab Sutji (JAV)

38. Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.

39. Ing kono kang Rama Iskak mangsuli pangandikane: “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur.

40. Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.”

41. Anadene Esap sengit banget marang Yakub, marga saka berkah kang wus diparingake dening kang rama marang dheweke mau, pangunandikane Esap: “Iki wus nyedhaki dina kasusahan, marga sedane rama, nuli Yakub adhiku bakal dakpateni.”

42. Bareng Ibu Ribkah diwartani bab tembunge Esap putrane pembajeng kaya mangkono iku, banjur utusan nimbali Yakub putrane wuragil, nuli dipangandikani: “Esap kangmasmu ngigit-igit arep males ukum, arep mateni kowe.

43. Kang iku anakku, engger, kowe mituruta pituturku, cepak-cepaka, mangkata ngungsi menyang Haran panggonane Laban sadulurku!

44. Anaa kana sawetara mangsa lawase, nganti pangigit-igite kangmasmu wus lilih.

45. Dene samangsa kangmasmu wus lilih nepsune marang kowe, lan wus lali apa kang dadi panggawemu, aku nuli bakal kongkonan marani kowe saka ing kana. Kapriye manawa aku nganti kelangan kowe sakarone bareng sadina?”

46. Sawuse mangkono Ibu Ribkah banjur matur marang Rama Iskak: “Kula sampun bosen gesang margi saking tiyang estri bangsa Het punika. Manawi Yakub ngantos mendhet semah bangsa Het kados makaten wau, panunggilanipun tiyang bumi ngriki, punapa ginanipun kula taksih gesang?”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27