Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:32-38 Kitab Sutji (JAV)

32. Nanging pangandikane kang Rama Iskak: “Kowe iku sapa?” Ature: “Kula punika ingkang putra pambajeng pun Esap.”

33. Ing kono Rama Iskak gumeter lan kaget banget sarta ngandika: “Yen mangkono sapa ta kang wus mbebedhag kewan sarta wus diladekake marang aku? Mangka iya wus dakpangan kabeh, sadurunge kowe teka, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep.”

34. Esap bareng krungu pangandikane kang rama mau, banjur njerit seru banget, banget lara atine, sarta matur marang kang rama: “Dhuh rama, mugi maringi berkah dhateng kula ugi!”

35. Dhawuhe kang rama: “Adhimu kang wus sowan kanti apus-apus lan ngrebut berkah kang benere dadi wewenangmu.”

36. Pangucape Esap: “Rak wus pantes jenenge Yakub, dene wus ping pindho anggone ngapusi aku. Wewenangku pambarep iya diakali lan saiki berkah kang kanggo aku uga dirampas!” Banjur matur marang kang rama: “Punapa rama boten kagungan berkah sanesipun kangge kula?”

37. Rama Iskak mangsuli marang Esap, pangandikane: “Lah adhimu wus pinesthi mengku marang kowe, lan sakehe para kadange wus daktemtokake dadi kawulane, sarta iya wus dakgawani gandum lan anggur, kari apamaneh kang bisa daktandukake marang kowe, dhuh anakku engger?”

38. Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27