Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:26-38 Kitab Sutji (JAV)

26. Kang rama Iskak banjur ngandika: “Nyedhaka mrene ta engger, aku ambungen!”

27. Yakub banjur nyedhak, kang rama diaras. Nalika Rama Iskak mambet gandane sandhangane Yakub, banjur maringi berkah, pangandikane: “Lah gandane anakku iku kaya gandane bumi kang diberkahi dening Sang Yehuwah.

28. Gusti Allah bakal maringi kowe ebuning langit lan lemah eloh ing bumi apadene gandum lan anggur kongsi luber-luber.

29. Bangsa-bangsa bakal padha nungkul ana ing ngarepmu; kowe mengkua para kadang-kadangmu, lan anake biyungmu bakal padha nungkul marang kowe. Sapa kang ngipat-ipati kowe, bakal kena ipat-ipat, lan sapa kang mberkahi kowe, iku ginanjara berkah.”

30. Kacarita sarampunge Rama Iskak anggone mberkahi Yakub, lan Yakub lagi bae mundur saka ing ngarsane kang Rama Iskak, Esap kamase teka saka anggone mbebedhag.

31. Tumuli iya olah dhaharan kang enak, banjur diladekake marang kang rama. Ature marang kang rama: “Rama, kula aturi wungu sarta dhahar daging buronan olah-olahanipun kang putra, supados lajeng maringi berkah dhateng kang putra!”

32. Nanging pangandikane kang Rama Iskak: “Kowe iku sapa?” Ature: “Kula punika ingkang putra pambajeng pun Esap.”

33. Ing kono Rama Iskak gumeter lan kaget banget sarta ngandika: “Yen mangkono sapa ta kang wus mbebedhag kewan sarta wus diladekake marang aku? Mangka iya wus dakpangan kabeh, sadurunge kowe teka, nuli iya wus kelakon dakberkahi, mangka anggone kaberkahan iku mesthi tetep.”

34. Esap bareng krungu pangandikane kang rama mau, banjur njerit seru banget, banget lara atine, sarta matur marang kang rama: “Dhuh rama, mugi maringi berkah dhateng kula ugi!”

35. Dhawuhe kang rama: “Adhimu kang wus sowan kanti apus-apus lan ngrebut berkah kang benere dadi wewenangmu.”

36. Pangucape Esap: “Rak wus pantes jenenge Yakub, dene wus ping pindho anggone ngapusi aku. Wewenangku pambarep iya diakali lan saiki berkah kang kanggo aku uga dirampas!” Banjur matur marang kang rama: “Punapa rama boten kagungan berkah sanesipun kangge kula?”

37. Rama Iskak mangsuli marang Esap, pangandikane: “Lah adhimu wus pinesthi mengku marang kowe, lan sakehe para kadange wus daktemtokake dadi kawulane, sarta iya wus dakgawani gandum lan anggur, kari apamaneh kang bisa daktandukake marang kowe, dhuh anakku engger?”

38. Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27