Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:11-26 Kitab Sutji (JAV)

11. Yakub tumuli matur marang Ribkah ibune: “Lah kamas kula Esap punika badanipun dhiwut-dhiwut, mangka kula punika klimis.

12. Bokmanawi bapak nggrayangi kula, temtu lajeng mastani, kula damel gegujengan, margi saking makaten kula malah kenging ipat-ipat sanes berkah.”

13. Nanging kang ibu ngandika maneh: “Ipat-ipat iku daksanggane, engger, anakku, nuruta pituturku bae, gek endang mangkata! Aku jupukna wedhuse!”

14. Yakub tumuli njupuk cempe lan diaturake marang kang ibu; sarta kang ibu banjur olah dhaharan kang enak, kaya kang dadi kersane ramane.

15. Ibu Ribkah banjur mundhut sandhangan kang adi duwekke Esap, putrane pambajeng, sandhangan kang disimpen ing omah, banjur dianggokake marang Yakub putrane kang wuragil.

16. Sarta lulange cempe mau diblebedake ing tangane Yakub loro pisan lan ing gulune kang klimis.

17. Dhaharan kang enak lan roti kang mentas diolah mau banjur ditampakake marang kang putra Yakub.

18. Kaya mangkono Yakub banjur lumebu ing panggonane kang rama tumuli matur: “Rama!” Pangandikane kang rama: “Apa, ngger, kowe iku sapa?”

19. Ature Yakub marang kang rama: “Kula Esap, ingkang putra pembajeng. Kula sampun nglampahi kados dhawuhipun rama dhateng kula. Kula aturi wungu lan lenggah, lajeng dhahar daging bebujengan ingkang sampun kula olah, supados rama lajeng maringi berkah dhateng kula.”

20. Rama Iskak banjur ngandika marang kang putra: “Kok enggal temen anggonmu oleh, anakku engger!” Ature Yakub: “Margi Sang Yehuwah, Gusti Allahipun rama, ingkang murugaken kula angsal damel.”

21. Pangandikane Rama Iskak marang kang putra: “Nyedhaka mrene, engger, awakmu dakgrayangane, apa kowe iku anakku Esap apa dudu.”

22. Yakub banjur nyedhaki Iskak kang rama, kang banjur nggrayangi sarta ngandika: “Yen swarane, swarane Yakub, nanging yen tangane, tangane Esap.”

23. Dadine Rama Iskak pangling marang Yakub, marga tangane dhiwut-dhiwut kaya tangane Esap, mulane Rama Iskak arep mberkahi.

24. Nanging Rama Iskak meksa ndangu maneh: “Apa temenan kowe iku anakku Esap?” Ature Yakub: “Inggih!”

25. Rama Iskak tumuli ngandika: “Mara cedhakna mrene leladenanmu iku, olah-olahan bedhagane anakku dakpangane, supaya kowe banjur dakberkahi.” Sawuse diladekake, Rama Iskak banjur dhahar, sarta uga diaturi anggur, tumuli ngunjuk.

26. Kang rama Iskak banjur ngandika: “Nyedhaka mrene ta engger, aku ambungen!”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27