Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 27:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingale wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Esap putrane pambajeng sarta dipangandikani: “Anakku engger.” Ature Esap: “Kula rama.”

2. Dhawuhe kang rama: “Lah ta aku wus tuwa lan ora sumurup besuk apa bakal ajalku.

3. Bok kowe njupuk gegamanmu, endhong lan gendhewamu, banjur mangkata menyang ing ara-ara, aku golekna buron,

4. nuli aku olahna pangan kang enak, kaya kang dadi kasenenganku, yen wus rampung ladekna mrene, dakpangane, sawise iku kowe bakal dakberkahi sadurunge aku tinggal donya.”

5. Anadene Ibu Ribkah ngrungokake anggone Rama Iskak mangandikani marang kang putra Esap mau. Bareng Esap wus mangkat menyang ara-ara mbebedhag kewan kang kena diladekake marang kang rama,

6. Ibu Ribkah ngandika marang Yakub kang putra: “Aku mau ngrungokake bapakmu anggone ndhawuhi Esap kamasmu:

7. Aku golekna kewan bebedhagan, banjur olahen kang enak, dakpangane lan sawuse iku kowe dakberkahi ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sadurunge aku mati.

8. Mulane saiki, engger, anakku! Rungokna kandhaku kaya kang dakprentahake marang kowe iki mangkene:

9. Kowe menyanga ing panggonane wedhus kita, aku jupukna cempe loro kang becik, iku dakolahe kang enak kagem bapakmu, kaya kang dadi kersane.

10. Nuli ladekna menyang ing ngarsane bapakmu, supaya didhahar lan kowe diberkahana sadurunge seda.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 27