Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 26:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Para pangon ing Gerar banjur padha grejegan karo para pangone Rama Iskak, ujare: “Banyu iki aku sing nduweni.” Rama Iskak maringi jeneng sumur mau: Esek, marga ana ing kono padha grejegan karo panjenengane.

21. Tumuli padha ndhudhuk sumur liyane, kang iya dadi grejegan uga, mulane sumure diparingi jeneng Sitna.

22. Rama Iskak banjur pindhah saka ing kono sarta ndhudhuk sumur liyane, nanging ora nganti dadi grejegan. Sumur iku diparingi jeneng: Rehobot, dene pangandikane: “Saiki Sang Yehuwah wus maringi omber marang kita, temahan kita padha bisa bebranahan ana ing tanah kene.”

23. Saka ing kono Rama Iskak tindak menyang ing Bersyeba.

24. Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”

25. Sawuse mangkono Rama Iskak tumuli ngadegake misbyah sarta memuji asmane Sang Yehuwah. Iya ana ing kono anggone nancebake tarube lan para abdine banjur padha ndhudhuk sumur.

26. Kacarita Sang Prabu Abimelekh rawuh saka Gerar martuwi kadherekake Ahuzat mitrane lan Pikhol senapatine.

27. Rama Iskak tumuli matur: “Punapaa panjenengan sami rawuh manggihi kula, panjenengan rak sami sengit dhateng kula ta, malah sampun sami panjenengan tundhung saking wewengkon panjenengan?”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 26