Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 26:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. temah panjenengane dadi sugih lan saya suwe saya mundhak kasugihane, nganti dadi sugih banget,

14. kagungan pepanthan wedhus lan pepanthan sapi, brayate akeh, nganti wong-wong Filisti padha meri.

15. Sakehe sumur ing jamane Rama Abraham, kang rama, kang didhudhuk dening para abdine kang rama, iku padha ditableg lan diurugi lemah.

16. Sang Prabu Abimelekh banjur ngandika marang Rama Iskak: “Panjenengan kula aturi tindak saking ngriki, margi pangwaos panjenengan ngungkuli pangwaos kula sanget.”

17. Rama Iskak tumuli tindak saka kono banjur ngadegake tarube ana ing lebake Gerar, sarta dedalem ana ing kono.

18. Sawuse mangkono banjur ndhudhuk sumur-sumur kang biyen wus didhudhuk nalika sugenge Rama Abraham kang rama, sarta wus padha dipateni dening wong Filisti sasedane Rama Abraham; sumur-sumur mau padha dijenengake kaya jeneng kang biyen wus diparingake dening kang rama.

19. Nalika para abdine Rama Iskak padha ndhudhuki ing lebak kono, padha nemu sumber kang banyune mancur-mancur mumbul-mumbul.

20. Para pangon ing Gerar banjur padha grejegan karo para pangone Rama Iskak, ujare: “Banyu iki aku sing nduweni.” Rama Iskak maringi jeneng sumur mau: Esek, marga ana ing kono padha grejegan karo panjenengane.

21. Tumuli padha ndhudhuk sumur liyane, kang iya dadi grejegan uga, mulane sumure diparingi jeneng Sitna.

22. Rama Iskak banjur pindhah saka ing kono sarta ndhudhuk sumur liyane, nanging ora nganti dadi grejegan. Sumur iku diparingi jeneng: Rehobot, dene pangandikane: “Saiki Sang Yehuwah wus maringi omber marang kita, temahan kita padha bisa bebranahan ana ing tanah kene.”

23. Saka ing kono Rama Iskak tindak menyang ing Bersyeba.

24. Ing bengi iku banjur diketingali dening Sang Yehuwah sarta dipangandikani: “Ingsun iki Allahe bapakira Abraham, sira aja wedi, marga Ingsun nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, turunira bakal Suntangkar-tangkarake, marga saka Abraham abdiningsun.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 26