Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 25:28-34 Kitab Sutji (JAV)

28. Anadene Rama Iskak iku asih marang Esap, marga remen dhahar daging kewan bedhagan, nanging Ibu Ribkah ngasihi Yakub.

29. Nuju sawijining dina nalika Yakub lagi gawe mangsakan, Esap nuli teka saka ing ara-ara, katon sayah.

30. Esap tumuli nembung marang Yakub: “Bok aku kokwenehi mangan sing abang-abang kuwi ta, awit aku kesel.” Yaiku jalarane banjur peparab: Edom.

31. Nanging Yakub mangsuli: “Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!”

32. Wangsulane Esap: “Lah sadhela engkas aku bakal mati, apa kanggone duwe wewenang pembarep iku?”

33. Pangucape Yakub: “Sumpaha marang aku dhisik!” Esap banjur sumpah, lan wewenange pembarep diedol marang Yakub.

34. Yakub tumuli menehi roti lan mangsakan kacang abang marang Esap; sarta banjur mangan lan ngombe, sawuse tumuli maknyat lunga. Mangkono anggone Esap ngremehake wewenanging pembarep.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 25