Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 25:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Rama Abraham mundhut garwa maneh nama Ketura,

2. iku mbabar putra: Zimran, Yoksan, Medan, Midian, Isybak lan Suah.

3. Yoksan anak-anak Syeba lan Dedan, dene turune Dedan yaiku bangsa Asyur lan bangsa Letusy sarta bangsa Leum.

4. Anake Midian yaiku: Efa, Efer, Henokh, Abida lan Eldaa, iku kabeh padha turune Ibu Ketura.

5. Rama Abraham maringake sabarang kagungane kabeh marang Rama Iskak.

6. Nanging para putra kang patutan saka garwa ampeyan mau padha diparingi ganjaran, lan banjur didhawuhi lunga, nalika panjenengane isih sugeng, kapisah saka kang putra Iskak, parane mangetan menyang Tanah Wetan.

7. Mungguh gunggunge yuswane Rama Abraham iku satus pitung puluh lima taun,

8. Rama Abraham tumuli seda, dene sedane iku nalika wus akeh yuswane, wus tuwuk sugenge, banjur kaklempakake karo para leluhure.

9. Banjur disarekake dening kang putra Iskak lan Ismael ana ing guwa Makhpela ing palemahane Efron bin Zohar wong Het kang kaprenah ing sawetane Mamre,

10. palemahan anggone mundhut Rama Abraham marang wong bani Het; iya ana ing kono iku Rama Abraham lan Ibu Sara anggone padha kasarekake.

11. Sasedane Rama Abraham Gusti Allah mberkahi marang kang putra Iskak, dene anggone dedalem Rama Iskak iku ana ing sacedhake belik Lakhai-Roi.

12. Iki tedhak-turune Rama Ismael putrane Rama Abraham, kang lair saka Ibu Hagar wong Mesir, abdine Ibu Sara, patutan karo Rama Abraham.

13. Iki pratelane jenenge para putrane Rama Ismael, disebutake miturut urut-urutane laire: pambajenge Rama Ismael iku Nebayot, nuli Kedar, Adbeel, Mibsam,

14. Misyma, Duma, Masa,

15. Hadad, Tema, Yetur, Nafisy lan Kedma.

16. Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 25