Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:6-21 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging Rama Abraham dhawuh marang kang abdi: “Poma aja pisan-pisan anakku kokbalekake mrana!

7. Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,

8. ewadene saupama wong wadon mau ora gelem kokajak mrene, kowe luwar saka sumpahmu marang aku, mung poma anakku aja kokbalekake mrana!”

9. Abdi mau banjur numpangake tangane ana sangisore cethike Rama Abraham bendarane, banjur sumpah ing bab prakara iku.

10. Abdi mau tumuli nyawisake untane bendarane sepuluh, banjur budhal nggawa peni-peni rajapeni kagungane bendarane, parane njujug menyang Aram-Mesopotami ing kuthane Nahor.

11. Ing kono unta-untane dijerumake cedhak belik sajabane nagara; ing wayah sore wancine wong wadon padha metu ngangsu.

12. Abdi mau tumuli matur: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.

13. Lah kawula mapan wonten ing sacelaking belik punika, para anakipun estri tiyang ing kitha ngriki sampun wancinipun medal badhe ngangsu;

14. mugi keparenga kalampahan kados makaten: pundi lare estri ingkang kawula tembungi: Bok junmu kokdhingklukake, aku dakngombe, mangka lajeng mangsuli: Sumangga kula aturi ngunjuk, malah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan; supados inggih punika ingkang Paduka calonaken kangge abdi Paduka Iskak. Makaten anggen kawula badhe sumerep bilih Paduka sampun paring sih dhateng bendara kawula.”

15. Kacarita abdi mau durung nganti rampung anggone munjuk, lah tumuli Ribkah metu -- Ribkah iku putrane Rama Betuel, putrane kakung Ibu Milka garwane Rama Nahor sadhereke Rama Abraham; -- kalawan manggul june.

16. Bocah wadon mau ayu banget rupane, isih prawan durung tau diwori turu wong lanang. Banjur mudhun menyang ing belik sarta ngiseni june, nuli bali munggah.

17. Abdi mau banjur methukake sarta ngucap: “Engger, aku wenehana ngombe banyu ing junmu iku sathithik bae!”

18. Wangsulane bocah wadon mau: “Sumangga panjenengan ngunjuk.” June enggal diudhunake kasangga ing tangane, sarta abdi mau ditulungi anggone ngombe.

19. Sawuse tutug enggone menehi ngombe, banjur ngucap: “Unta panjenengan inggih badhe kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombe ngantos tuwuk.”

20. June enggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golek banyu maneh, mangkono anggone nggolekake banyu untane kabeh.

21. Anadene wong mau tansah nyawang marang bocahe wadon kalawan meneng, arep nyumurupi apa Sang Yehuwah wus ngolehake gawe anggone lelungan iku apa durung.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24