Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:54-67 Kitab Sutji (JAV)

54. Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono.Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”

55. Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”

56. Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”

57. Wangsulane: “Saenipun gendhuk dipun undang saha dipun takeni piyambak.”

58. Ribkah tumuli diundang sarta ditari: “Kowe apa gelem melu tamu iki?” Wangsulane: “Inggih, kula purun.”

59. Ing kono Ribkah sadulure banjur dililani budhal karo inyane bareng karo abdine Rama Abraham dalah kanthine.

60. Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”

61. Ribkah karo para bature wadon banjur tata-tata tumuli padha budhalan, padha nunggang unta, ngetutake si abdi. Mangkono si abdi anggone nggawa Ribkah lan banjur mangkat.

62. Anadene Rama Iskak mentas rawuh saka ing belik Lakhai-Roi, amarga dedalem ana ing Tanah Negeb.

63. Nalika Rama Iskak panuju ameng-ameng ana ing ara-ara mbeneri ing wayah lingsir kulon, bareng mulat, ningali ana unta-unta teka.

64. Ribkah iya mulat weruh Rama Iskak, banjur mudhun saka ing untane,

65. sarta celathu marang si abdi: “Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Ature si abdi: “Punika bendara kula.” Ribkah banjur nyandhak kudhunge sarta dianggo.

66. Si abdi tumuli nyaritakake marang Rama Iskak sabarang kang wus dilakoni.

67. Rama Iskak banjur nganthi Ribkah menyang ing tarube Sara kang Ibu, dipundhut garwa lan banget ditresnani. Mangkono Rama Iskak anggone kalipur sasedane kang ibu.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24