Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:51-60 Kitab Sutji (JAV)

51. Lah punika Ribkah wonten ngajeng panjenengan, panjenengan bekta lajeng panjenengan bidhal, dadosa garwaning putranipun bendara panjenengan, nyondhongi dhawuhipun Sang Yehuwah.”

52. Kacarita bareng abdine Rama Abraham krungu tembung mangkono mau, tumuli sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarsane Sang Yehuwah;

53. abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.

54. Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono.Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”

55. Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”

56. Nanging wangsulane: “Kula sampun panjenengan penggak! Amargi Sang Yehuwah sampun damel kasiling lampah kula, kula panjenengan lilani wangsul dhateng bendara kula.”

57. Wangsulane: “Saenipun gendhuk dipun undang saha dipun takeni piyambak.”

58. Ribkah tumuli diundang sarta ditari: “Kowe apa gelem melu tamu iki?” Wangsulane: “Inggih, kula purun.”

59. Ing kono Ribkah sadulure banjur dililani budhal karo inyane bareng karo abdine Rama Abraham dalah kanthine.

60. Ribkah disangoni berkah, tembunge: “Dhuh sadulurku, kowe muga tangkar-tumangkara dadi ewon leksan, sarta turunmu bisaa ngrebut gapuraning mungsuhe dadi darbeke.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24