Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:43-55 Kitab Sutji (JAV)

43. Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,

44. mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.

45. Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!

46. Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.

47. Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.

48. Kula lajeng jengkeng saha tumungkul sujud wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah saha ngluhuraken Sang Yehuwah Gusti Allahipun bendara kula Abraham, ingkang sampun ngirid lampah kula wonten ing margi ingkang leres, supados kula saged mendhet anakipun estri sadherekipun bendara kula punika kangge putranipun.

49. Dados samangke, manawi panjenengan sami karsa nandukaken katresnan saha kasetyan dhateng bendara kula, mugi karsaa paring katrangan dhateng kula. Dene saupami boten, kula inggih kaparingana katrangan, supados kula saged tumoleh mangiwa utawi manengen.”

50. Ing kono Laban karo Betuel padha mangsuli: “Prakawis punika pinangkanipun saking Sang Yehuwah, pramila kula sami boten saged matur punapa-punapa dhateng panjenengan, ingkang awon punapa ingkang sae.

51. Lah punika Ribkah wonten ngajeng panjenengan, panjenengan bekta lajeng panjenengan bidhal, dadosa garwaning putranipun bendara panjenengan, nyondhongi dhawuhipun Sang Yehuwah.”

52. Kacarita bareng abdine Rama Abraham krungu tembung mangkono mau, tumuli sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarsane Sang Yehuwah;

53. abdi mau banjur ngetokake barang peni-peni salaka lan mas, apadene sandhangan endah, kabeh diwenehake marang Ribkah; karodene sadhereke lan ibune iya padha diaturi barang kang adi-adi.

54. Sawuse mangkono banjur pada mangan lan ngombe, si abdi dalah para kanthine, sarta padha nginep ing kono.Esuke bareng wus padha tangi, si abdi tumuli celathu: “Kula mugi kalilanana mantuk dhateng dalemipun bendara kula.”

55. Nanging sadulure Ribkah lan abdine padha mangsuli: “Bok inggih larenipun kajengipun taksih wonten ngriki rumiyin antawis sadasa dinten, sasampunipun sumangga karsa manawi badhe bidhal.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24