Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:37-46 Kitab Sutji (JAV)

37. Wondene bendara kula sampun mundhut supaos kula: Anakku poma aja kokgolekake jodho wong wadon panunggalane anake bangsa Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,

38. nanging kowe menyanga ing omahe bapakku lan ing panggonane sanak kadangku, nggolekna jodho anakku.

39. Kula lajeng matur dhateng bendara kula: Bokmanawi larenipun estri boten purun kula bekta.

40. Pangandikanipun dhateng kula malih: Sang Yehuwah kang tansah dakbekteni iku bakal ngutus malaekate nyarengi lakumu, temah kelakon anakku kokgolekake jodho saka kula-wargaku lan saka omahe bapakku.

41. Bisamu luwar saka sumpahmu marang aku, iya iku samangsa kowe wus kelakon tekan ing tanahe kula-wargaku, mangka kowe ora oleh nggawa bocahe wadon, kowe wus luwar saka sumpahmu marang aku.

42. Wondene sareng lampah kula ing dinten punika dumugi sacelaking belik, kula lajeng munjuk: Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, Paduka mugi karsaa damel supados anggen kawula kekesahan punika angsal damel.

43. Kawula wonten ing ngriki mapan wonten ing sacelaking belik punika, mugi keparenga kalampahan makaten: Pundi prawan ingkang medal badhe ngangsu, samangsa kula tembungi: Aku wenehana banyu sathithik saka ing junmu,

44. mangka wangsulanipun dhateng kula: Sumangga, panjenengan ngunjuk dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni: inggih lare punika wau ingkang badhe dados jodhoning putranipun bendara kawula miturut pitedah Paduka.

45. Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!

46. Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24