Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:22-35 Kitab Sutji (JAV)

22. Kacarita bareng untane wus padha wareg anggone ngombe, abdi mau tumuli njupuk ali-ali mas bobot satengah sekel lan gelang sapasang bobot sepuluh sekel emas kanggo tangane bocah wadon mau,

23. kalawan ngucap: “Kowe iku anake sapa, engger? Aku bok kokkandhani! Apa ing omahe bapakmu ana panginepane kanggo aku sakanca?”

24. Wangsulane bocah wadon marang wong mau: “Kula punika anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Milka patutan kaliyan Embah Nahor.”

25. Sarta calathune maneh: “Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kewan lan ugi wonten papan pasipengan.”

26. Ing kono abdi mau tumuli jengkeng lan tumungkul ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta nyebut:

27. “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe bendaraku Abraham kang ora ngingkedi sihe kasetyane marang bendaraku, sarta Sang Yehuwah wus nuntun lakuku ana ing dalan kang anjog ing daleme para sadhereke!”

28. Sawuse iku bocahe wadon banjur lumayu aweh weruh marang ibune bab kang mentas kelakon mau.

29. Anadene Ribkah mau duwe sadulur lanang jenenge Laban. Laban mau banjur lumayu metu methukake wong mau menyang ing belik.

30. Awit bareng weruh ali-ali lan gelang kang ana ing tangane sadulure, lan sawuse krungu kandhane Ribkah sadulure mangkene: “Warna-warna kandhane wong iku marang aku,” Laban tumuli methukake wong mau, ketemu isih ngadeg sandhing untane ana ing sacedhake belik,

31. banjur calathu: “Sumangga sadherek ingkang binerkahan dening Sang Yehuwah, kenging punapa panjenengan wonten ing jawi kemawon? Panjenengan sampun kula tatakaken panggenan lan kula sampun cecawis papan kangge unta panjenengan.”

32. Wonge banjur lumebu ing omah, untane padha diuculi lapake lan diwenehi dami sarta dipakani, wonge lan kabeh wong kang melu padha dijupukake banyu kanggo wisuh sikil.

33. Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!”

34. Wong mau banjur pratela: “Kula punika abdinipun Bendara Abraham.

35. Wondene Sang Yehuwah sampun mberkahi bendara kula ngantos kelangkung-langkung, ngantos dados tiyang sugih. Dene dipun paringi Sang Yehuwah menda saha lembu, salaka tuwin mas, abdi jaler lan estri punapa malih unta saha kuldi.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24