Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Bocah wadon mau ayu banget rupane, isih prawan durung tau diwori turu wong lanang. Banjur mudhun menyang ing belik sarta ngiseni june, nuli bali munggah.

17. Abdi mau banjur methukake sarta ngucap: “Engger, aku wenehana ngombe banyu ing junmu iku sathithik bae!”

18. Wangsulane bocah wadon mau: “Sumangga panjenengan ngunjuk.” June enggal diudhunake kasangga ing tangane, sarta abdi mau ditulungi anggone ngombe.

19. Sawuse tutug enggone menehi ngombe, banjur ngucap: “Unta panjenengan inggih badhe kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombe ngantos tuwuk.”

20. June enggal disuntak ing kolahan, tumuli bali lumayu menyang belik golek banyu maneh, mangkono anggone nggolekake banyu untane kabeh.

21. Anadene wong mau tansah nyawang marang bocahe wadon kalawan meneng, arep nyumurupi apa Sang Yehuwah wus ngolehake gawe anggone lelungan iku apa durung.

22. Kacarita bareng untane wus padha wareg anggone ngombe, abdi mau tumuli njupuk ali-ali mas bobot satengah sekel lan gelang sapasang bobot sepuluh sekel emas kanggo tangane bocah wadon mau,

23. kalawan ngucap: “Kowe iku anake sapa, engger? Aku bok kokkandhani! Apa ing omahe bapakmu ana panginepane kanggo aku sakanca?”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24