Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 24:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Rama Abraham iku wus sepuh lan akeh yuswane, sarta tansah diberkahi dening Sang Yehuwah tumrap sakabeh-kabehe.

2. Rama Abraham mau dhawuh marang tuwa-tuwane abdine, kang dipracaya nguwasani kabeh kang ana ing daleme, pangandikane: “Tanganmu tumpangna ing sangisore cethikku,

3. supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,

4. nanging kowe menyanga tanah asalku lan ing panggonane kulawargaku, nggolekna jodho anakku Iskak.”

5. Abdi mau banjur matur: “Bokmanawi tiyang estri wau boten purun kula bekta dhateng tanah ngriki, punapa ingkang putra Iskak kula bekta wangsul dhateng tanahing leluhur panjenengan?”

6. Nanging Rama Abraham dhawuh marang kang abdi: “Poma aja pisan-pisan anakku kokbalekake mrana!

7. Sang Yehuwah Allah ing swarga, kang wus nimbali aku saka ing omahe bapakku lan saka tanahe kulawargaku, kang wus paring pangandika marang aku, malah nganggo supaos: Turunira bakal Sunparingi tanah iki, iya Panjenengane iku kang bakal ngutus malaekate lumampah ana ing ngarepmu, temah kowe mesthi bakal bisa ngolehake jodho anakku saka ing kana,

8. ewadene saupama wong wadon mau ora gelem kokajak mrene, kowe luwar saka sumpahmu marang aku, mung poma anakku aja kokbalekake mrana!”

9. Abdi mau banjur numpangake tangane ana sangisore cethike Rama Abraham bendarane, banjur sumpah ing bab prakara iku.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 24