Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 23:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Sawuse mangkono Rama Abraham tumuli jumeneng lan nilar garwane kang seda iku, sarta rembagan karo bani Het, pangandikane:

4. “Kula punika tiyang ngamanca saha neneka wonten ing antawis panjenengan, keparenga kula nggadhahi pakuburan pamijen wonten ing tanah panjenengan punika, supados kula saged ngeteraken lan ngubur semah kula, ingkang tilar donya punika.”

5. Wangsulane bani Het marang Rama Abraham:

6. “Panjenengan mugi miyarsakaken atur kula, dhuh bendara! Panjenengan punika wonten ing tengah-tengah kula ngriki kados dene raja agung; milanipun sumangga ingkang seda kula aturi nyarekaken wonten pakuburan kula ingkang pilihan, mesthi boten wonten panunggilan kula ingkang kawratan, pakuburanipun panjenengan agem nyarekaken ingkang seda.”

7. Rama Abraham banjur tumelung ana ngarepe bani Het, pendhudhuke tanah kono,

8. sarta padha dipangandikani mangkene: “Manawi panjenengan sadaya sami sarujuk, kula ngubur tiyang kula ingkang tilar donya, sumangga kula aturi mirengaken rembag kula: kula mugi panjenengan tembungaken dhateng sadherek Efron bin Zohar,

9. supados kula dipun paringana kagunganipun guwa ing Makhpela, ingkang kaprenah wonten in pungkasaning pasitenipun; guwa punika kaparingna dhateng kula sapintena reginipun, supados kenginga kula damel pakuburan pamijen wonten ing tengah panjenengan ngriki.”

10. Ing nalika iku Efron mbeneri linggih ana ing satengahe bani Het. Efron wong Het mangsuli marang Rama Abraham keprungu dening wong-wong bani Het, dening kabeh wong kang padha nekani ing gapurane kutha,

11. ature: Sampun ta, dhuh bendara kula, panjenengan piyarsakaken atur kula punika: Pasitenipun dalah guwanipun ingkang wonten ngriku kula aturaken dhateng panjenengan, kula aturi ngagem; wonten ing sangajenging para tiyang bangsa kula, punika kula caosaken dhateng panjenengan; kula aturi nyarekaken ingkang seda.”

12. Rama Abraham tumuli tumelung ana ing ngarepe pendhudhuk ing tanah kono,

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 23