Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 23:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. ature: Sampun ta, dhuh bendara kula, panjenengan piyarsakaken atur kula punika: Pasitenipun dalah guwanipun ingkang wonten ngriku kula aturaken dhateng panjenengan, kula aturi ngagem; wonten ing sangajenging para tiyang bangsa kula, punika kula caosaken dhateng panjenengan; kula aturi nyarekaken ingkang seda.”

12. Rama Abraham tumuli tumelung ana ing ngarepe pendhudhuk ing tanah kono,

13. sarta ngandika marang Efron karungu dening wong-wong mau: “Manawi sami dhangan, mugi atur kula punika kapiyarsakna! Kula badhe ngaturaken arta pangaosipun pasiten, mugi karsaa nampeni, ingkang tilar donya lajeng badhe kula patak wonten ing ngriku.”

14. Efron banjur mangsuli marang Rama Abraham, ature:

15. “Ah, bendara! Kula aturi miyarsakaken atur kula: pasiten ingkang namung pangaos sekawan atus sekel selaka punika, rak sanes punapa-punapa tumrap kita. Bok ingkang seda tumunten panjenengan sarekaken kemawon.”

16. Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron, sarta Efron dibobotake dhuwit pangajine lemah kaya kang dipratelakake lan dirungu dening wong-wong bani Het mau, patang atus sekel selaka kang laku tumrape dagang.

17. Mangkono palemahane Efron kang ana ing Makhpela, ing sawetane Mamre, palemahan dalah guwane kang ana ing kono, dalah sakehe wit-witan kang ana ing palemahan mau ing sawewengkone kabeh,

18. iku kapasrahake dadi kagungane Rama Abraham sineksenan dening bani Het, dening wong-wong kang padha nekani ing gapurane kutha.

19. Sawuse mangkono Rama Abraham banjur nyarekake Ibu Sara ana ing guwane palemahan ing Makhpela, ing sawetane Mamre, yaiku ing Hebron tanah Kanaan.

20. Mangkono palemahan dalah guwane kang ana ing kono kapasrahake dadi kagungane Rama Abrham dening bani Het, kadadekake pakuburan pamijen.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 23