Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 23:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng yuswane Ibu Sara wus satus pitu likur taun, -- iya samono iku yuswane Ibu Sara --

2. Ibu Sara banjur seda ana ing Kiryat-Arba, yaiku Hebron ing tanah Kanaan. Rama Abraham tumuli lumebet lan ngadhuh-adhuh sarta muwuni Ibu Sara.

3. Sawuse mangkono Rama Abraham tumuli jumeneng lan nilar garwane kang seda iku, sarta rembagan karo bani Het, pangandikane:

4. “Kula punika tiyang ngamanca saha neneka wonten ing antawis panjenengan, keparenga kula nggadhahi pakuburan pamijen wonten ing tanah panjenengan punika, supados kula saged ngeteraken lan ngubur semah kula, ingkang tilar donya punika.”

5. Wangsulane bani Het marang Rama Abraham:

6. “Panjenengan mugi miyarsakaken atur kula, dhuh bendara! Panjenengan punika wonten ing tengah-tengah kula ngriki kados dene raja agung; milanipun sumangga ingkang seda kula aturi nyarekaken wonten pakuburan kula ingkang pilihan, mesthi boten wonten panunggilan kula ingkang kawratan, pakuburanipun panjenengan agem nyarekaken ingkang seda.”

7. Rama Abraham banjur tumelung ana ngarepe bani Het, pendhudhuke tanah kono,

8. sarta padha dipangandikani mangkene: “Manawi panjenengan sadaya sami sarujuk, kula ngubur tiyang kula ingkang tilar donya, sumangga kula aturi mirengaken rembag kula: kula mugi panjenengan tembungaken dhateng sadherek Efron bin Zohar,

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 23