Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 22:2-13 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.”

3. Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, banjur ngabah-ngabahi kuldine, mbekta abdine loro lan kang putra Iskak; sarta nyigari kayu kanggo kurban obaran, banjur bidhal tindak menyang panggonan kang kadhawuhake dening Gusti Allah.

4. Bareng telung dinane Rama Abraham tumenga lan mirsa panggonane saka kadohan;

5. banjur ngandika marang abdine loro: “Kowe karo kuldine padha karia ana ing kene, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowe maneh.”

6. Rama Abraham tumuli mundhut kayune kurban obaran diemotake marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.

7. Iskak banjur matur marang kang rama: “Rama!” Paring wangsulane Rama Abraham: “Ana apa ngger, anakku?” Ature kang putra: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?”

8. Rama Abraham mangsuli pangandikane: “Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku ngger!” Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.

9. Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu.

10. Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.

11. Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!”

12. Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”

13. Nalika Rama Abraham noleh, tumuli mirsa ing wingkinge ana wedhus gembel lanang kang sungune kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosake kagawe kurban obaran ijole kang putra.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 22