Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 20:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Mulane, wong wadon iku balekna marang somahe, awitdene Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakal mati, sira lan kabeh wongira.”

8. Bareng esuk umun-umun Sang Abimelekh wungu sarta nimbali para abdine, dicaritani bab pangandika mau, temahan wong kabeh padha wedi banget.

9. Sang Prabu Abimelekh banjur utusan nimbali Rama Abraham, tumuli dipangandikani: “Punapa ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika lan kula kalepatan punapa dhateng panjenengan, dene panjenengan kok ndhatengaken dosa ageng dhateng kula lan kedhaton kula? Ingkang panjenengan tandukaken dhateng kula punika boten pantes sanget.”

10. Sang Prabu Abimelekh ngandika marang Rama Abraham maneh: “Karsa panjenengan punapa, dene ngantos nglampahi kados makaten punika?”

11. Rama Abraham mangsuli ature: “Panginten kula, ing ngriki babar pisan boten wonten panembah dhateng Gusti Allah, pramila kula mesthi badhe dipun pejahi margi saking semah kula.

12. Kaliyan malih punika inggih sadherek kula sayektos, anakipun bapa kula, nanging sanes anakipun embok kula, lajeng dados semah kula.

13. Nalika kula dipun karsakaken dening Gusti Allah supados nilar bale griyanipun tiyang sepuh, kula lajeng nglembara, semah kula kula sanjangi makaten: Bok kowe nandukna katresnan marang aku mangkene: Ing saenggon-enggon kang bakal dakparani, kowe tutura tumrap aku mangkene: Punika sadherek kula!”

14. Sang Prabu Abimelekh tumuli mundhut wedhus lan sapi, batur tukon lanang lan wadon, padha diparingake marang Rama Abraham; apadene Ibu Sara kang garwa diwangsulake marang panjenengane.

15. Pangandikane Sang Prabu Abimelekh: “Lah tanah kula ngeblag wonten ing ngarsa panjenengan, sumangga kula aturi dedalem wonten ing pundi kemawon ingkang panjenengan karsakaken.”

16. Sarta banjur ngandika marang Ibu Sara: “Lah kula sampun nyaosi sadherek panjenengan sewu sekel selaka, minangka bukti tumrap ing kasucen panjenengan wonten ing ngajengipun sadaya tiyang, ingkang wonten ing wewengkon panjenengan, temah panjenengan lajeng kaleresaken ing sadaya prakawis.”

17. Rama Abraham banjur ndedonga konjuk marang Gusti Allah, sarta Gusti Allah tumuli maluyakake Sang Prabu Abimelekh, kang garwa sarta para abdine wadon, satemah padha bisa duwe anak.

18. Awit dene ing maune Sang Yehuwah ngganjar gabug ing sadhengah wong wadon ing kratone Sang Prabu Abimelekh, marga saka Ibu Sara garwane Rama Abraham.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 20