Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 20:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Rama Abraham banjur bidhal saka ing kono menyang ing Tanah Negeb, lan manggen ana ing antarane Kadesy lan Syur, neneka ana ing Gerar.

2. Sarehne Rama Abraham ngendikake bab Ibu Sara, garwane: “Iku sadulurku,” mulane Sang Prabu Abimelekh raja ing Gerar utusan mundhut Ibu Sara.

3. Nanging Gusti Allah ngetingali marang Sang Prabu Abimelekh ing sajroning pasupenan lan ngandika: “Lah sira mesthi bakal mati marga saka wong wadon kang sira jupuk iku, sabab iku wus duwe bojo.”

4. Anadene Sang Prabu Abimelekh durung tau nggepok marang Ibu Sara, mulane banjur munjuk: “Dhuh Pangeran, punapa Paduka inggih badhe mejahi bangsa ingkang boten lepat?

5. Punapa sanes tiyangipun piyambak ingkang cariyos dhateng kawula: Punika sadherek kula. Sarta malih ingkang estri piyambak ingkang sanjang: Punika sadherek kula. Anggen kawula nglampahi makaten punika kanthi manah ingkang jujur saha tangan ingkang resik.”

6. Gusti Allah tumuli ngandika maneh marang Sang Prabu Abimelekh sajroning pasupenan mau: “Ingsun mirsa yen anggonira mangkono iku metu saka ati kang jujur, lan iya Ingsun piyambak kang menggak marang sira supaya aja nganti gawe dosa marang Ingsun. Mulane sira ora Sunlilani nggepok wong wadon iku.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 20