Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 2:9-19 Kitab Sutji (JAV)

9. Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.

10. Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:

11. kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.

12. Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.

13. Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.

14. Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.

15. Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,

16. sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira,

17. nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”

18. Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”

19. Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 2