Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 2:2-15 Kitab Sutji (JAV)

2. Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.

3. Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.

4. Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake.Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --

5. durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap;

6. mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, --

7. nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.

8. Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau.

9. Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.

10. Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:

11. kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.

12. Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.

13. Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.

14. Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.

15. Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 2