Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 19:16-29 Kitab Sutji (JAV)

16. Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono.

17. Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”

18. Lut munjuk marang priya mau: “Sampun kados makaten ta, dhuh bendara!

19. Ingkang abdi sampun manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, saha panjenengan sampun nandukaken kawelasan dhateng kula, dene ngantos mitulungi gesang kula. Nanging kula mesthi boten saged ngungsi ngantos dumugi pareden, awit kula tamtu sampun ketututan ing bilai punika saha lajeng pejah.

20. Lah ta, kitha ngajeng punika celak, kenging kula ungseni, kithanipun alit; mugi kula kalilana ngungsekaken gesang mriku kemawon, supados kula kapitulungana gesang. Kitha punika rak alit ta?”

21. Panjenengane gentos ngandika marang Lut: “Iya wis, dakjurungi panyuwunmu, kutha cilik kang kokaturake iku bakal ora daktumpes.

22. Dikebat ngungsia mrana, amarga aku ora bakal nindakake apa-apa sadurunge kowe tekan ing kana.” Awit saka iku kutha mau katelah aran: Zoar.

23. Srengenge wus mlethek ngungkuli bumi nalika Lut tekan ing Zoar.

24. Sawuse mangkono Sang Yehuwah tumuli ngudanake walirang lan geni marang tanah Sodom lan Gomora, tumurune udah saka Sang Yehuwah, saka ing langit,

25. kutha-kutha mau diwolak-walik dalah lebak Yarden pisan lan sakehe wong ing kutha-kutha kono tekan tanem-tuwuhe.

26. Nanging somahe Lut iku mandheg tumoleh, temah malih dadi tugu uyah njenggeleg.

27. Bareng wayah esuk umun-umun Rama Abraham tindak menyang ing panggonane jumeneng nalika sowan ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

28. bareng mirsani menyang prenahe Sodom lan Gomora tekan lebake Yarden pisan, katon ana kukus kumelun saka ing bumi memper kukuse pawon paleburan.

29. Nalika Gusti Allah nggempur kutha-kutha ing lebak Yarden lan nalika malik kutha kang dienggoni dening Lut, Gusti Allah enget marang Rama Abraham, banjur ngirid Lut metu saka ing satengahe patumpesan.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 19