Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 18:7-22 Kitab Sutji (JAV)

7. Rama Abraham banjur rerikatan murugi sapine, nuli mundhut pedhet kang empuk lan becik daginge, nuli ditampakake marang abdine, sarta iku enggal-enggal tumandang ngolah.

8. Sawuse iku mundhut mertega lan susu, karo pedhet kang wus didhawuhake ngolah mau, diladosake marang tamune. Rama Abraham ngadhep tamune ana sangisore wit kono nalika tamune padha dhahar.

9. Tamune tumuli ngandika: “Sara somahira ana ing ngendi?” Unjuke Rama Abraham: “Wonten ing lebet tarub.”

10. Pangandikane Sang Yehuwah: “Satemene setaun engkas Ingsun bakal rawuh mrene maneh, lah ing kono Sara somahira bakal duwe anak lanang.” Pangandika mau kepireng dening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburine para tamu.

11. Anadene Ibu Sara lan Rama Abraham wus sepuh lan akeh yuswane, Ibu Sara wus ora ngalami kaya salumrahe wong wadon.

12. Mulane Ibu Sara gumujeng sajroning galih, pangunandikane: “Aku wus tuwa mangkene apa isih duwe papenginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepung mangkono?”

13. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Rama Abraham: “Yagene Sara gumuyu sarta duwe osik: Apa iya temenan aku isih bakal duwe anak, wong aku wus tuwa mangkene?

14. Tumraping Yehuwah apa ana kang mokal? Ing wektu kang wus katetepake iku, yaiku setaun engkas Ingsun bakal ngrawuhi sira maneh, nuli Sara bakal duwe anak lanang.”

15. Ibu Sara selak, unjuke: “Kawula boten gumujeng.” Enggone munjuk mangkono iku marga wedi. Ewadene pangandikane Sang Yehuwah: “Ora, sira mau pancen gumuyu!”

16. Sawuse mangkono para priya mau banjur padha tedhak saka ing kono, tindake ngener tanah Sodom; Rama Abraham ndherek sumedya nguntapake.

17. Sang Yehuwah ngunandika: “Apa iya Abraham ora Sunparingi weruh apa kang bakal Suntindakake?

18. Abraham iku rak bakal dadi bangsa gedhe lan kawasa, lan sakehe para bangsa ing bumi bakal pada kaberkahan marga saka Abraham?

19. Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”

20. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ana alok kang rame bab tanah Sodom lan Gomora, yen luwih dening gedhe durakane.

21. Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Ingsun apa ora?”

22. Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 18