Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 18:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

23. Rama Abraham banjur nyelak sarta matur: “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?

24. Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid; punapa inggih badhe Paduka tumpes?” Punapa Paduka boten ngeman dhateng panggenan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid?

25. Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”

26. Pangandikane Sang Yehuwah: “Manawa ing sajroning nagara Sodom Ingsun manggih wong seket kang mursid, mesthi sapanggonan kono kabeh Sunparingi pangapura marga saka wong seket mau.”

27. Rama Abraham mungsuli, unjuke: “Kawula kamipurun munjuk wonten ing ngarsa Paduka, sanadyan kawula punika namung lebu tuwin awu.

28. Bokmanawi tiyangipun seket ingkang mursid wau wonten kirangipun gangsal, punapa margi saking tiyang gangsal punika Paduka badhe numpes sanagari sadaya?” Pangandikane sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes, yen Ingsun manggih wong patang puluh lima kang mursid.”

29. Rama Abraham nyambeti atur maneh, unjuke: “Bokmanawi ing ngriku namung kapanggih kawandasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake marga saka wong patang puluh iku.”

30. Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, manawi kawula munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih tiyang tigang dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake, manawa ing kono Ingsun manggih wong telung puluh.”

31. Rama Abraham isih meksa munjuk maneh: “Kawula kamipurun munjuk wonten ngarsa Paduka, bokmanawi ing ngriku namung wonten tiyang kalih dasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes marga saka wong rong puluh iku.”

32. Rama Abraham munjuk maneh: “Paduka mugi sampun ngantos duka, kawula badhe munjuk sapisan malih: Bokmanawi ing ngriku namung pinanggih sadasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal ora Suntumpes marga saka wong sepuluh iku.”

33. Bareng Sang Yehuwah wus mungkasi anggone mangandikani Rama Abraham, banjur nglajengake tindake, dene Rama Abraham tumuli wangsul menyang ing panggenane.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 18