Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 18:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”

20. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ana alok kang rame bab tanah Sodom lan Gomora, yen luwih dening gedhe durakane.

21. Ingsun bakal tumedhak lan niti-priksa, apa iya lakune iku cocog karo alok kang wus tumeka marang Ingsun apa ora?”

22. Priya-priya mau tumuli padha tindak saka ing kono murugi Sodom, nanging Rama Abraham isih tetep ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

23. Rama Abraham banjur nyelak sarta matur: “Punapa Paduka badhe numpes tiyang mursid sesarengan kaliyan tiyang duraka?

24. Bokmanawi ing salebeting nagari ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid; punapa inggih badhe Paduka tumpes?” Punapa Paduka boten ngeman dhateng panggenan punika, sabab ing ngriku wonten tiyangipun seket ingkang mursid?

25. Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”

26. Pangandikane Sang Yehuwah: “Manawa ing sajroning nagara Sodom Ingsun manggih wong seket kang mursid, mesthi sapanggonan kono kabeh Sunparingi pangapura marga saka wong seket mau.”

27. Rama Abraham mungsuli, unjuke: “Kawula kamipurun munjuk wonten ing ngarsa Paduka, sanadyan kawula punika namung lebu tuwin awu.

28. Bokmanawi tiyangipun seket ingkang mursid wau wonten kirangipun gangsal, punapa margi saking tiyang gangsal punika Paduka badhe numpes sanagari sadaya?” Pangandikane sang Yehuwah: “Mesthi ora Suntumpes, yen Ingsun manggih wong patang puluh lima kang mursid.”

29. Rama Abraham nyambeti atur maneh, unjuke: “Bokmanawi ing ngriku namung kapanggih kawandasa.” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mesthi bakal Sunwurungake marga saka wong patang puluh iku.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 18