Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 18:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngatingal marang Rama Abraham ana ing sacedhake wit tarbantin ing Mamre, nalika pinuju lenggahan ana ing lawanganing tarube wayah awan mbeneri panas gumemplang.

2. Bareng ndengengek mirsa priya telu jumeneng ing ngarsane, banjur murugi methukake sarta sumungkem ing bumi

3. karo matur: “Dhuh para bendara, manawi kula manggih sih wonten ing ngarsa panjenengan, mugi tindak panjenengan sampun ngantos nglangkungi ingkang abdi;

4. manawi kepareng wontena ingkang mendhetaken toya sakedhik, kagem wijik sampeyan, lajeng sami karsaa lenggah wonten ing sangandhaping wit-witan punika;

5. dene kula keparenga mendhet roti sekedhik, kangge ngiyataken sarira; sasampunipun makaten, sumangga manawi badhe nglajengaken tindak, dene rak pancen makaten punika karsa panjenengan sami tindak nglangkungi tarubipun ingkang abdi.” Pangandikane tamu: “Iya tindakna apa kang dadi karepmu!”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 18