Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 12:8-15 Kitab Sutji (JAV)

8. Saka kono pindhah menyang ing pagunungan sawetane Betel, sarta ngadegake tarub ana ing saantarane Betel kang kaprenah ing kulone, lan Ai ing wetane; ana ing kono nuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, lan ngluhurake asmane.

9. Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.

10. Bareng ing tanah kono pinuju pailan, Rama Abram bidhal menyang ing tanah Mesir, sumedya lereb ana ing kono kayadene wong manca, marga pailane nggegirisi banget.

11. Kacarita bareng tindake wus cedhak tanah Mesir, tumuli ngandika marang kang garwa Ibu Sarai: “Lah ta, aku weruh yen kowe iku wanita kang endah ing warna,

12. samangsa wong Mesir ndeleng kowe, mesthi ngarani: Iku somahe, banjur aku mesthi dipateni lan kowe diuripi.

13. Bok iya kowe kandha yen sadulurku, supaya aku lestaria slamet marga saka kowe, lan nyawaku tulusa urip marga saka kowe.”

14. Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,

15. lan bareng para abdi daleme Sang Pringon padha ndeleng Ibu Sarai, banjur ngalembana ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, temahan Ibu Sarai kaladekake menyang kedhatone Sang Prabu Pringon.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 12