Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 1:25-31 Kitab Sutji (JAV)

25. Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.

26. Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”

27. Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

28. Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”

29. Karomaneh pangandikane Gusti Allah: “Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupane thethukulan ing salumahing bumi kang mawa wiji lan sarupane wit-witan kang metokake woh mawa wiji, iku dadia panganira.

30. Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono.

31. Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 1