Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 1:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomaneh kanggo misahake padhang lan peteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

19. Kaya mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping papat.

20. Gusti Allah tumuli ngandika: “Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.”

21. Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

22. Kabeh banjur padha diberkahi dening Gusti Allah, pangandikane: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara ngebakana banyu segara, sarta bangsa manuk tangkar-tumangkara ana ing bumi.”

23. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping lima.

24. Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono.

25. Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.

26. Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”

27. Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 1