Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 1:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi.

2. Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.

3. Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.

4. Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng.

5. Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.

6. Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.”

7. Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.

8. Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.

9. Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.

10. Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

11. Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.

12. Bumi banjur nuwuhake thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijine lan sakehing wit-witan kang metokake woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.

13. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.

14. Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 1