Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:8-20 Kitab Sutji (JAV)

8. Ing satunggaling dinten wit-witan sami nglempak badhe milih ingkang badhe dipun jebadi dados ratunipun. Tembungipun dhateng wit jaitun: Sumangga panjenengan kula aturi dados ratu kula!

9. Nanging sami dipun wngsuli dening wit jaitun wau: Apa kiramu aku gelem ninggal lengaku, kang kanggo ngluhurake gusti Allah lan manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

10. Wit-witan tumuli sami nembung dhateng wit ara: Sumangga ta, panjenengan kula aturi dados ratu kula!

11. Nanging wit ara mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal lelegiku lan wohku kang becik-becik, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

12. Wit-witan lajeng sami nembung dhateng wit anggur: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula!

13. Nanging wit anggur mangsuli: Apa kiramu aku gelem ninggal duduhe wohku anggur, kang ndadekake renaning panggalihe Gusti Allah lan gawe senenging manungsa, banjur lunga nglayang ana ing dhuwur wit-witan?

14. Wit-witan lajeng sami nembung dhateng eri bebondhotan: Sumangga ta panjenengan kula aturi dados ratu kula.

15. Eri bebondhotan lajeng mangsuli dhateng wit-witan mau: Manawa dhasar temen-temen anggonmu padha arep njebadi aku dadi ratumu, mara padha ngauba ana ing ayomku; nanging manawa ora, kareben ana geni kang metu saka ing bebondhotan lan mangsa wit-wit kang ana ing pagunungan Libanon.

16. Ingkang punika manawi dhasar tumindak panjenengan punika klayan temen-temen, saha jujur, inggih punika anggen panjenengan ndadosaken ratu Abimelekh, saha manawi panjenengan nandukaken pandamel sae dhateng Rama yerubaal saha turunipun, manawi panjenengan malesaken panjenenganipun ingkang satimbang kaliyan lelabetanipun,

17. -- rama kula rak sampun andon perang mbelani panjenengan sadaya saha ngetohaken nyawanipun sarta sampun ngluwari panjenengan saking pamengkunipun tiyang Midian,

18. mangka ing sapunika panjenengan kok sami mbalela dhateng turunipun rama kula, sarta mejahi putranipun, tiyang pitung dasa, landhesan sela satunggal, saha Abimelekh anaking abdinipun estri panjenengan dadosaken ratunipun para tiyang ing kitha Sikhem, dupeh punika sadherek panjenengan --

19. dados manawi panjenengan ing dinten punika tumindak setya saha tulus eklas tumrap Rama Yerubaal saha turunipun, sumangga panjenengan sami bingah-bingaha ing ngatasipun Abimelekh, saha Abimelekh kajengipun bingah-bingah ing ngatasipun panjenengan.

20. Nanging bilih boten makaten, mugi wontena latu ingkang medal saking Abimelekh ingkang mangsa para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ngantos telas sarta wontena latu ingkang medal saking para tiyang ing kitha Sikhem lan ing Bet-Milo ingkang mangsa dhateng Abimelekh.”

maca bab lengkap Para Hakim 9