Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:26-33 Kitab Sutji (JAV)

26. Nalika samana Gaal bin Ebed dalah para sadulure wus padha teka lan ngalih menyang ing kutha Sikhem. Wong ing kutha Sikhem padha kumandel marang dheweke.

27. Nuli padha metu menyang ing pategalan, ngundhuhi lan mipit wohing pakebonane anggur, banjur padha nganakake pahargyan lumebu ing kabuyutane allahe, padha mangan lan ngombe sarta ngipat-ipati Sang Abimelekh.

28. Gaal bin Ebed mau banjur kandha: “Abimelekh iku sapa, lan sapa kita, wong Sikhem iki, dene kita kok dadi abdine? Anake Yerubaal lan Zebul wakile, iku rak padha dadi abdine wong-wonge Hamor, bapakne Sikhem, mulane apa sababe, dene aku padha dadi abdine?

29. Saupama aku ngwasani wong-wong ing kutha kene, Abimelekh mesthi daktundhung.” Dheweke banjur celathu marang Abimelekh: “Payo santosakna balamu, enggal ngluruga!”

30. Bareng Sang Zebul, panggedhene kutha kono, mireng tembunge Gaal bin Ebed mau, banjur muntab dukane.

31. Sang Zebul banjur nglampahake utusan menyang ing ngarsane Sang Abimelekh ing Aruma, kadhawuhan matur: “Lah Gaal bin Ebed kaliyan para sadherekipun sami dhateng ing Sikhem, tuwin kauningana, punika sami ngojok-ojoki tiyang Sikhem supados nglawan dhumateng panjenengan dalem.

32. Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.

33. Benjing-enjing, ing wanci pletheking surya panjenengan dalem kawula aturi nempuh kitha punika. lah manawi pun Gaal sabalanipun sami medali nglawan panjenengan dalem, panjenengan dalem lajeng karsaa nandukaken punapa ingkang laras kaliyan kawontenan, ingkang panjenengan dalem uningani.”

maca bab lengkap Para Hakim 9