Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:22-36 Kitab Sutji (JAV)

22. Bareng Sang Abimelekh wus oleh telung taun anggone ngratoni ing Israel,

23. Gusti Allah banjur nuwuhake semangat ala ing antarane Sang Abimelekh lan para wong ing kutha Sikhem, satemah wong ing Sikhem iku padha ora setya marang Sang Abimelekh,

24. supaya panganiaya kang tumanduk marang para putrane Sang Yerubaal pitung puluh iku oleha piwales lan wutahing getihe katempuhna marang Sang Abimelekh sadhereke, kang wus nyedani para putra mau, sarta marang wong ing kutha Sikhem, kang padha mbiyantu nyedani para sadhereke iku.

25. Amarga wong ing kutha Sikhem iku padha mapanake wong kang ngadhang panjenengane ana ing perenging gunung sarta padha mbegali sapa kang liwat metu ing dalan kono. Prakara iku kawartakake marang Sang Abimelekh.

26. Nalika samana Gaal bin Ebed dalah para sadulure wus padha teka lan ngalih menyang ing kutha Sikhem. Wong ing kutha Sikhem padha kumandel marang dheweke.

27. Nuli padha metu menyang ing pategalan, ngundhuhi lan mipit wohing pakebonane anggur, banjur padha nganakake pahargyan lumebu ing kabuyutane allahe, padha mangan lan ngombe sarta ngipat-ipati Sang Abimelekh.

28. Gaal bin Ebed mau banjur kandha: “Abimelekh iku sapa, lan sapa kita, wong Sikhem iki, dene kita kok dadi abdine? Anake Yerubaal lan Zebul wakile, iku rak padha dadi abdine wong-wonge Hamor, bapakne Sikhem, mulane apa sababe, dene aku padha dadi abdine?

29. Saupama aku ngwasani wong-wong ing kutha kene, Abimelekh mesthi daktundhung.” Dheweke banjur celathu marang Abimelekh: “Payo santosakna balamu, enggal ngluruga!”

30. Bareng Sang Zebul, panggedhene kutha kono, mireng tembunge Gaal bin Ebed mau, banjur muntab dukane.

31. Sang Zebul banjur nglampahake utusan menyang ing ngarsane Sang Abimelekh ing Aruma, kadhawuhan matur: “Lah Gaal bin Ebed kaliyan para sadherekipun sami dhateng ing Sikhem, tuwin kauningana, punika sami ngojok-ojoki tiyang Sikhem supados nglawan dhumateng panjenengan dalem.

32. Ingkang punika sumangga panjenengan dalem kawula aturi jengkar ing wanci dalu, inggih panjenengan dalem dalah rakyat ingkang ndherekaken panjenengan dalem, saha kawula aturi nyegat wonten ing pategilan.

33. Benjing-enjing, ing wanci pletheking surya panjenengan dalem kawula aturi nempuh kitha punika. lah manawi pun Gaal sabalanipun sami medali nglawan panjenengan dalem, panjenengan dalem lajeng karsaa nandukaken punapa ingkang laras kaliyan kawontenan, ingkang panjenengan dalem uningani.”

34. Mulane Sang Abimelekh ing wayah bengi banjur bidhal dalah rakyat kang ndherekake kabeh, sarta ana ing Sikhem tumuli nganakake panyegatan patang pantha kanggo nglawan Sikhem.

35. Bareng Gaal bin Ebed metu lan ngadeg ana ing ngarepe gapuraning kutha iku, Sang Abimelekh pinuju budhal saka ing panyegatan karo rakyat kang ndherekake.

36. Bareng Gaal weruh bala mau banjur matur marang Sang Zebul: “Lah kok wonten tiyang kathah ingkang mandhap saking pucaking redi.” Sang Zebul mangsuli: “Iku wayanganing gunung, kang koksengguh wong.”

maca bab lengkap Para Hakim 9