Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:22-30 Kitab Sutji (JAV)

22. Bareng Sang Abimelekh wus oleh telung taun anggone ngratoni ing Israel,

23. Gusti Allah banjur nuwuhake semangat ala ing antarane Sang Abimelekh lan para wong ing kutha Sikhem, satemah wong ing Sikhem iku padha ora setya marang Sang Abimelekh,

24. supaya panganiaya kang tumanduk marang para putrane Sang Yerubaal pitung puluh iku oleha piwales lan wutahing getihe katempuhna marang Sang Abimelekh sadhereke, kang wus nyedani para putra mau, sarta marang wong ing kutha Sikhem, kang padha mbiyantu nyedani para sadhereke iku.

25. Amarga wong ing kutha Sikhem iku padha mapanake wong kang ngadhang panjenengane ana ing perenging gunung sarta padha mbegali sapa kang liwat metu ing dalan kono. Prakara iku kawartakake marang Sang Abimelekh.

26. Nalika samana Gaal bin Ebed dalah para sadulure wus padha teka lan ngalih menyang ing kutha Sikhem. Wong ing kutha Sikhem padha kumandel marang dheweke.

27. Nuli padha metu menyang ing pategalan, ngundhuhi lan mipit wohing pakebonane anggur, banjur padha nganakake pahargyan lumebu ing kabuyutane allahe, padha mangan lan ngombe sarta ngipat-ipati Sang Abimelekh.

28. Gaal bin Ebed mau banjur kandha: “Abimelekh iku sapa, lan sapa kita, wong Sikhem iki, dene kita kok dadi abdine? Anake Yerubaal lan Zebul wakile, iku rak padha dadi abdine wong-wonge Hamor, bapakne Sikhem, mulane apa sababe, dene aku padha dadi abdine?

29. Saupama aku ngwasani wong-wong ing kutha kene, Abimelekh mesthi daktundhung.” Dheweke banjur celathu marang Abimelekh: “Payo santosakna balamu, enggal ngluruga!”

30. Bareng Sang Zebul, panggedhene kutha kono, mireng tembunge Gaal bin Ebed mau, banjur muntab dukane.

maca bab lengkap Para Hakim 9