Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 9:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Sang Abimelekh bin Yerubaal, tindak menyang ing Sikhem manggihi para sadhereke ibune lan reraosan karo iku tuwin karo kulawangsane ibune kabeh mangkene:

2. “Kula nyuwun tulung, panjenengan kula aturi ngandika dhateng sakathahipun tiyang ing Sikhem, makaten: Pundi ingkang prayogi tumrap panjenengan sadaya, kaereh ing tiyang pitung dasa, inggih punika para putranipun Rama Yerubaal sadaya, punapa dening tiyang satunggal? Saha mugi karsaa ngengeti, bilih kula punika kulit-daging panjenengan.”

3. Para sadhereke ibune tumuli padha nyaritakake marang sakehing wong ing kutha Sikhem bab Sang Abimelekh, temah atine wong ing kono padha kagendheng marang sang Abimelekh, awit celathune: “Dheweke iku rak sadulur kita?”

4. Sang Abimelekh tumuli dicaosi dhuwit pitung puluh sekel selaka kajupuk saka ing kabuyutane Baal-Berit; iku banjur diagem ngopahi wong glandhangan lan wong mblasar supaya ngetutburi panjenengane.

5. Tumuli tindak menyang ing daleme ramane ing Ofra, sarta nyirnakake para sadhereke, putrane Sang Yerubaal wong pitung puluh, landhesan watu siji. Nanging Sang Yotam, putrane Sang Yerubaal, kang wuragil bisa oncat marga ndhelik.

maca bab lengkap Para Hakim 9