Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 8:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Sawuse mangkono wong Israel banjur padha matur marang Sang gidheon: “Panjenengan mugi karsaa ngasta paprentahan mangagengi kula, inggih panjenegan, inggih putra-wayah panjenengan, amargi panjenengan ingkang ngluwari kula saking tanganipun tiyang Midian.”

23. Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong-wong mau: ‘,Aku ora bakal ngereh kowe, lan anakku uga ora, nanging Pangeran yehuwah kang ngereh kowe kabeh.”

24. Sarta maneh pangandikane Sang Gidheon: “Mung saprakara kang dadi panjalukku marang kowe kabeh: sawiji-wijining panunggalanmu ngwenehana aku anting-anting, saka ing jarahane.” -- Amarga mungsuhe mau padha nganggo anting-anting, jer iku padha wong Ismael --

25. Atur wangsulane wong-wong mau: “Sumangga kula aturaken kanthi legawaning manah.” Banjur padha njereng jarit sarta siji-sijinel padha nguncalake anting-anting saka ing jarahane marang ing jarit iku.

26. Dene bobote anting-anting mas kang dipundhut Sang Gidheon iku sewu pitung atus sekel, durung kapetung kang arupa rembulanan, rerenggan kuping tuwin jarit wungu nom tilas pangagemane para ratune wong Midian, apadene kalung-kalung kang ana ing guluning unta-untane.

27. Mas mau tumuli ditanjakake Gidheon kanggo gawe efod, kang banjur diprenahake ana ing kuthane, ing Ofra. Wong Israel kabeh banjur padha tumindak sedheng klawan nyembah efod mau ana ing kono, sarta iku dadi kalajiret tumrap Sang Gidheon dalah saisining daleme.

28. Kaya mangkono mau wong Midian anggone padha teluk marang wong israel sarta padha ora bisa ndengengek maneh; nagarane tumuli tentrem ing jamane Sang Gidheon, lawase patang puluh taun.

29. Sang Yerubaal bin Yoas tumuli tindak sarta manggen ana ing daleme piyambak.

30. sang Gidheon iku kagungan putra kakung pitung puluh, iku putrane piyambak kabeh, amarga garwane akeh.

31. Garwane ampil kang ana ing Sikhem iya mbabar putra kakung patutan karo panjenengane, iku diparingi asma Abimelekh.

32. Sang Gidheon banjur seda, nalika remane wus uwanen, sarta disarekake ana ing pasareane kang rama: Yoas, ing Ofra, kuthane wong Abiezer.

33. Sasedane Sang Gidheon wong Israel padha laku sedheng maneh nyembah para Baal lang nganggep Baal-Berit dadi allahe.

maca bab lengkap Para Hakim 8