Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 7:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.

3. Kang iku kowe ngundhangna marang rakyat iku mangkene: Sapa kang jirih lan wedi, iku mundura kareben mulih, sumingkira saka ing pagunungan Gilead.” Banjur ana kang padha mundur wong rolikur ewu, kang kari mung sapuluh ewu.

4. Ewasamono Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Gidheon: “Balane isih kakehen; padha dhawuhana mudhun ngombe banyu; ana ing kono bakal padha Sunsaring kanggo sira. Sapa kang Sundhawuhake marang sira: Iki kang bakal melu sira, yaiku kang bakal melu sira lan endi kang Sundhawuhake marang sira: Iki aja melu sira, iku iya aja melu.”

5. Balane tumuli padha didhawuhi menyang panggonan banyu, Sang Gidheon banjur didhawuhi dening Pangeran Yehuwah: “Sapa kang ngombe banyu klawan ndilat, patrape kaya asu ndilat banyu, iku sira dhewekna, mangkono uga sapa kang ngombe klawan jengkeng.”

6. Cacahe wong kang padha ngombe kanthi nyidhuk banjur kaparakake marang ing cangkeme iku ana telung atus, nanging liyane saka panunggalane para bala iku anggone ngombe kabeh klawan jengkeng.

7. Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Gidheon: “Srana wong telung atus kang padha ngombe mangkono iku anggoningSun bakal ngluwari sira. Ingsun bakal ngulungake wong Midian marang tanganira, nanging wong liyane iku kabeh padha lilanana mulih menyang ing panggonane dhewe-dhewe.”

8. Sangune wong akeh iku lan kalasangkane padha ditinggal lan banjur padha dililani mulih menyang ing tarube dhewe-dhewe, nanging kang telung atus mau padha diendheg. Anadene pakemahane wong Midian iku ana ing sangisore, ana ing lebak.

9. Ing bengi iku Pangeran Yehuwah ngandika marang Sang Gidheon: “Sira ngadega, mundhuna lan tempuhen pakemahane, awit wus Sunulungake ing tanganira.

10. Nanging manawa sira isih wedi nempuh, sira mudhuna kalawan baturira si Pura, lan banjur menyanga ing pakemahane,

11. nuli sira bakal krungu apa kang dadi rerasanane, temah sira bakal wani mudhun nempuh pakemahane iku.” Sang Gidheon tumuli mandhap kanthi abdine si Pura iku, nganti tekan ing pajaganing wadya-bala kang ngarep dhewe ing pakemahan kono.

12. Wong Midian lan wong Amalek tuwin wong sagolongane wong saka ing sisih wetan padha pating glimpang ana ing lebak, kehe kaya walang, lan untane tanpa wilangan kaya wedhi ing pinggiring sagara.

13. Bareng Sang Gidheon rawuh ing kono, pinuju ana wong nyritakake impene marang kancane, pangucape: “Lah aku mentas ngimpi, ana roti sair saglintir kang katon gumlundhung nrajang marang ing pakemahane wong Midian. Bareng tekan ing pakemahan kene, tarub iki ditrajang nganti rubuh bosah-basih, kaya mangkono dadine tarub iki banjur rusak kabeh.”

14. Kancane mangsuli, tembunge: “Iku ora liya pedhange Gidheon bin Yoas wong Israel; Gusti Allah wis ngulungake wong Midian lan pakemahan iki kabeh marang ing tangane.”

15. Bareng Sang Gidheon midhanget critane impen dalah katrangane iku mau, tumuli enggal-enggal sujud. Sawuse mangkono banjur wangsul menyang ing pakemahane wong Israel sarta ngandika: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu.”

16. Wong telung atus mau tumuli dipara dadi telung pantha, sarta sawiji-wijining wong dicekeli kalasangka lan guci kothong kang diiseni obor.

17. Wong-wong nuli padha didhawuhi: “Padha ngawasna lan nirua aku: lah samangsa aku wis tekan ing tapel-watese pakemahan, nuli kowe padha nirua sapratingkahku.

maca bab lengkap Para Hakim 7