Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 6:29-39 Kitab Sutji (JAV)

29. Wong-wong mau banjur padha sapocapan: “Sapa ta kang tumindak mangkono iku?” Bareng dititipriksa lan ditakok-takokake, nuli ana kang kandha: “Gidheon bin Yoas, iku kang tumindak mangkono!”

30. Wong ing kutha kono tumuli padha kandha-kandha marang Yoas: “Anakmu gawanen metu arep dakpateni, awit wus mbubrah misbyahe Baal lan ngrubuhake saka brahala kang ana ing sandhinge.”

31. Nanging Yoas mangsuli marang sakehe wong kang padha ngrubung iku: “Apa kowe padha perang mbelani Baal? Utawa apa kowe arep ngrewangi dheweke? Sapa kang mbelani Baal iku bakal dipateni sadurunge esuk. Manawa Baal iku allah, kareban mbelani awake dhewe, amarga misbyahe dirubuhake.”

32. Mulane ing dina iku Gidheon diparabi Yerubaal, amarga pangucape wong: “Kareben Baal perang karo dheweke, amarga misbyahe dirubuhake.”

33. Kacarita sakehe wong Midian lan wong Amalek apadene wong ing sisih wetan wus padha nglumpuk, kabeh wus padha nyabrang lan ngedegake tarub ana ing lebak Yizreel.

34. Ing nalika samana Gidheon kalimputan ing Rohe Sang Yehuwah; nuli Gidheon ngunekake kalasangka, wong bani Abiezer padha kaklumpukake padha dikon ngetut buri lakune.

35. Apamaneh uga banjur nyebar kongkonan menyang ing satlatahe suku Manasye kabeh, wonge padha kaklumpukake lan dikon ngetut buri. Apadene uga banjur nyebar kongkonan menyang suku Asyer, Zebulon tuwin Naftali, lan wong-wong iku iya padha ngumpul manunggal karo wong-wong mau.

36. Gidheon tumuli munjuk marang Gusti Allah: “Manawi Paduka badhe ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula, kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken,

37. mugi kawula keparenga nyelehaken guntingan wulu menda wonten ing panuton; manawi namung wulunipun kemawon ingkang kebunan, sarta siti ngriku garing sadaya, ing ngriku kawula mangretos, bilih Paduka karsa ngluwari tiyang Israel lumantar tangan kawula kados ingkang sampun Paduka pangandikakaken.”

38. Lan iku iya kelakon kaya mangkono, sabab ing dina esuke bareng Gidheon tangi ing wayah umun-umun sarta guntingan wulu mau diepuh, anggone meres ebun ing guntingan mau, oleh banyu samangkok kebak.

39. Gidheon tumuli matur marang Gusti Allah: “Mugi sampun ngantos mulad-mulad bebendu Paduka dhateng kawula, manawi kawula taksih munjuk sapisan malih, namung sapisan punika kemawon: Kawula mugi kalilanana ngawontenaken coben-coben srana guntingan wulu punika, namung sapisan punika malih: sapunika mugi namunga guntingan wulu kemawon ingkang garing, dene ing siti sadaya wontena ebunipun.”

maca bab lengkap Para Hakim 6