Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 6:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging wong Israel padha nglakoni kang ala maneh mungguh ing paningale Sang Yehuwah, mulane diulungake dening Sang Yehuwah marang ing tangane wong Midian lawase pitung taun.

2. Lan salawase iku wong Midian ngereh wong Israel. Awit saka wedine marang wong Midian, wong Israel padha gawe papan-papan pandhelikan ana ing pagunungan, yaiku guwa-guwa lan beteng-beteng.

3. Saben wong Israel rampung anggone nyebar, wong Midian, wong Amalek sarta wong ing tanah wetan padha teka nglurugi.

4. Padha ngedegake kemah ana ing tanah kono lan padha ngrusak pametuning bumine, nganti tutug ing sacedhake Gaza, lan padha ora ngarekake pangan ana ing Israel, wedhus gembel, sapi lan kuldi iya ora.

5. Ujer pangluruge iku klawan padha nggawa pepanthane kewane lan kemahe, tekane kaya walang kekrompolan kehe, wong-wonge dalah untane nganti padha ora kena winilang. Tekane ing tanah kono pancen sumedya arep ngrusak,

6. temahan Israel banget nandhang kemlaratan, marga saka panggawene wong Midian mau. Wong Israel tumuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah.

7. Bareng wong Israel padha sesambat marang Sang Yehuwah, marga saka wong Midian mau,

8. Sang Yehuwah tumuli ngutus sawijining nabi nemoni wong Israel, sarta iku padha didhawuhi: “Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, padha Sunirid metu saka ing tanah pangawulan,

9. Sunluwari saka tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehing wong kang padha nindhes sira, wong-wong iku wus padha Suntundhungi saka ing ngarepira sarta nagarane Sunparingake marang sira.

10. Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.”

11. Sang Malaekate Pangeran Yehuwah tumuli rawuh lenggah ana ing sangisore wit elon ing Ofra, duweke Yoas bin Abiezer, dene anake lanang kang jeneng Gidheon lagi nutu gandum ana ing pamipitan anggur, murih aja konangan wong Midian.

12. Banjur diketingali dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.”

13. Atur wangsulane Gidheon: “Adhuh Gusti, manawi saestu Pangeran Yehuwah nunggil kaliyan kawula sadaya, punapaa dene kawula ngantos sami nandhang ingkang kados makaten punika sadaya? Pundi ta sakathahipun kaelokan ingkang dipun cariyosaken para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya, kala cariyos: Apa dudu sang Yehuwah kang wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir? Nanging sapunika Pangeran Yehuwah sampun negakaken dhateng kawula, sami kaulungaken dhateng ing tanganipun tiyang Midian.”

14. Sang Yehuwah tumuli mengo mirsani marang Gidheon lan ngandika: “Sira mangkata kanthi karosanira iki sarta ngluwarana wong Israel saka ing pamisesane wong Midian. Rak Ingsun kang ngutus sira?”

maca bab lengkap Para Hakim 6