Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 5:24-31 Kitab Sutji (JAV)

24. Binerkahana Ibu Yael garwane Sang Heber bangsa Keni iku, ngluwihi para wanita liyane,panjenengane binerkahana ngluwihi para pawestri ing jero kemah.

25. Kang dipundhut priyagung iku banyu, nanging puwan kang dicaosake,kang kasegahake kanil puwan ana ing mangkok kang adi.

26. Astane mulung mendhet pathok,astane tengen mendhet paluning tukang.Sang Sisera dipalu, mustakane karemuk,pilingane karemuk dipantek nganti tembus.

27. Wong agung iku ambruk ing sandhing sampeyane, seda ngglethak,ambruk seda ing sandhing sampeyane,ing panggonane ambruk iya ana kono iku anggone tiwas, disirnakake.

28. Ibune Sisera ngungak-ungak saka ing cendhela,lan nguwuh-uwuh saka ing saburining pancak suji:“Yagene karetane perang ora teka-teka,yagene; swaraning karetane durung keprungu?”

29. Abdi estri kang pinter dhewe ing antarane para abdi, mangsulisarta panjenengane iya mangsuli piyambak mangkene:

30. “Rak lagi padha oleh jarahan lan didum-dumake,prawan siji utawa loro kanggo saben wong,jarahan sandhangan manca-warna salembar rong lembar kanggo Sisera,jarahan sandhangan songketan manca-warna salembar rong lembar kanggo guluku?”

31. Kados makaten anggenipun sakathahing mengsah Paduka, badhe sirna, dhuh Yehuwah!Nanging wong kang nresnani Panjenengane iku pindha surya kang mlethek kalawan kamulyane.Nagara kono tumuli tentrem patang puluh taun lawase.

maca bab lengkap Para Hakim 5