Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 5:20-28 Kitab Sutji (JAV)

20. Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang,padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.

21. Kali Kison ngentirake mungsuh,Kison, kali kang kesuwur wiwit kuna-makuna,-- He nyawaku, mangsaha klawan sarosamu! --

22. Ing wektu iku tracake jaran padha pating kethoplak,amarga playuning jaran-jarane sesanderan.

23. “Kutha Meros kaipat-ipatana!”,mangkono pangandikane Sang Malaekate Yehuwah,“para wong kang manggon ing kono kenaa ing laknat saenteke,amarga padha ora teka mbiyantu Pangeran Yehuwah,mbiyantu Pangeran Yehuwah pindha prawira.”

24. Binerkahana Ibu Yael garwane Sang Heber bangsa Keni iku, ngluwihi para wanita liyane,panjenengane binerkahana ngluwihi para pawestri ing jero kemah.

25. Kang dipundhut priyagung iku banyu, nanging puwan kang dicaosake,kang kasegahake kanil puwan ana ing mangkok kang adi.

26. Astane mulung mendhet pathok,astane tengen mendhet paluning tukang.Sang Sisera dipalu, mustakane karemuk,pilingane karemuk dipantek nganti tembus.

27. Wong agung iku ambruk ing sandhing sampeyane, seda ngglethak,ambruk seda ing sandhing sampeyane,ing panggonane ambruk iya ana kono iku anggone tiwas, disirnakake.

28. Ibune Sisera ngungak-ungak saka ing cendhela,lan nguwuh-uwuh saka ing saburining pancak suji:“Yagene karetane perang ora teka-teka,yagene; swaraning karetane durung keprungu?”

maca bab lengkap Para Hakim 5