Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 5:18-26 Kitab Sutji (JAV)

18. Nanging taler Zebulon iku bangsa kang wani ngetohake nyawane,mangkono uga taler Naftali, ing tetengger ing ara-ara.

19. Para ratu padha nglurug lan nempuh perang,ing wektu iku para ratu ing Kanaan padha perang,ana ing sacedhake Taanakh ing sumbering kali Megidho,nanging padha ora oleh jarahan selaka.

20. Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang,padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.

21. Kali Kison ngentirake mungsuh,Kison, kali kang kesuwur wiwit kuna-makuna,-- He nyawaku, mangsaha klawan sarosamu! --

22. Ing wektu iku tracake jaran padha pating kethoplak,amarga playuning jaran-jarane sesanderan.

23. “Kutha Meros kaipat-ipatana!”,mangkono pangandikane Sang Malaekate Yehuwah,“para wong kang manggon ing kono kenaa ing laknat saenteke,amarga padha ora teka mbiyantu Pangeran Yehuwah,mbiyantu Pangeran Yehuwah pindha prawira.”

24. Binerkahana Ibu Yael garwane Sang Heber bangsa Keni iku, ngluwihi para wanita liyane,panjenengane binerkahana ngluwihi para pawestri ing jero kemah.

25. Kang dipundhut priyagung iku banyu, nanging puwan kang dicaosake,kang kasegahake kanil puwan ana ing mangkok kang adi.

26. Astane mulung mendhet pathok,astane tengen mendhet paluning tukang.Sang Sisera dipalu, mustakane karemuk,pilingane karemuk dipantek nganti tembus.

maca bab lengkap Para Hakim 5