Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 4:21-24 Kitab Sutji (JAV)

21. Nanging Ibu Yael, garwane Sang Heber mau mendhet pathoking kemah sarta nyepeng palu, tumuli alon-alon nyelaki Senapati Sisera, pathok mau dianjingake ing pilingane nganti tembus tumanceb ing bumi, amarga Sang Sisera lagi sare kepati, sarta sayah temah dadi lan sedane.

22. Ing wektu semana Sang Barak kang ngoyak-oyak Sang Sisera banjur rawuh. Ibu Yael tumuli medal methukake Barak lan diaturi: “Sumangga panjenengan kula tedahi tiyang ingkang panjenengan oyak.” Sang Barak banjur lumebet ing panggonane, lah Sang Sisera gumuling wus seda, pathoke isih tumanceb ing pilingane.

23. Kaya mangkono anggone Gusti Allah ing dina iku nelukake Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan ana ing sangarepe wong Israel.

24. Pameteking tangane wong Israel marang Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan saya banget, nganti Sang Prabu Yabin, ratu ing Kanaan mau kasedanan.

maca bab lengkap Para Hakim 4